Ngirim Barang Nang SMP N 4 JUWANA

Ceritane ngene...

Aku nge-GRAB njajal mangkal nang alun-alun juwono, soale aku durung pernah mangkal nang kene. Karo dolanan hape, luweh tepat e moco notifikasi teke aplikasi GRAB (amergo wes kapungkur mbuh pirang sasi lawase) sek durung tak woco. Yo itung-itung ben gak lali carane moco.

Aku nmangkal nang alun-alun kiro-kiro jam 07:48 WIB (rampung ngeterke wong wong nge-GRAB teko pajeksan nyampe pojokan etan alun-alun juwono) nyampe Ono orderan masuk jam 08.16 WIB. Kurang luweh e 28 menit aku mangkal nang alun-alun kene. Orderan e iki  GrabExpress Bike.

Sek durung ngerti maksute GrabExpress Bike kui opo...? Iki jajal tak jelaske sithik.

Dadi ngene...
GRAB kui nduwe 3 layanan kanggo penggunane ;
1. GrabBike : yo iku sek diarani ojek online (ngeterke Wong)
2. GrabExpress Bike : yo iku layanan sek nganterke pesenane Wong (ngeterke barang)
3. GrabFood : yo iku layanan sek nukokno panganan kanggo Wong sek ngeleh (ngeterke daharan lan unjukan)


Layanan GRAB kurang luweh e koyok ngono.

Balik meneh nang bahasan e nduwur.

Aku rodo kaget entuk orderan GrabExpress iku mau, masalahe kenopo?
Masalahe iki nek juwono, "mosok iyo ono wong pesen GrabExpress nang kene?, wonge iki salah pesen yak e. Yo Wis gpp langsung sikat ae orderan e" pikirku ngono.

Yo wis orderan tak jupuk, tak ampiri wonge. Alhamdulillah wonge+barang e (ojo mikir barang sek aneh-aneh) wes siap nang ngarep masjid juwono. Masjid juwono iku sebelah kulon e alun-alun juwono. Iki aku Ono potone (senajan potoku ra patio apik :))


Pengirim e jeneng e mbak Sarah sek arep diterimo Karo Ibu Sri  bu Sri Kusrini nang SMP 4 JUWANA (luweh tepat e nang Deso Tluwah - kecamatan Juwana). Ngeeennggg... Ngeeennggg.... Jeglukkk glukk glukk glukk.. 
Akhir e aku tutuk SMP 4 Juwana. Iki nembe pisanan aku mlebu nang SMP iki, jebul e nang kene gak ono satpam e. Aku langsung masuk, terus markirke motor nang parkir motor Guru 🤭.

Tutuk parkiran aku langsung ngontak/ngebel Ibu Kusrini. Tak telpon peng 3 gak Ono jawaban. Terus aku nembe nyadar, yen ibuk e iku ngajar/Guru. Kan normal e guru jam semono ngajar, yo jelas lah yen ditelpon Ora ngangkat. Bar aku sadar, banjur aku langsung masuk ruangan kantor Guru. Eh ngko ndsik, sak durunge aku masuk ruangan guru, aku taking Karo bapak-bapak (sek kayak e bapak e nagajar olahraga)

Comments

Popular Posts